PERANGAN OMAH JOGLO
A. Teras / Pendhapa Dumunung ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe prakara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iki uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo. B. Pringgitan Jan-jane ruwangan iki isih kalebu pap...