PERANGAN OMAH JOGLO
A. Teras / Pendhapa
Dumunung
ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak
tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki
aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake
karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe
omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga
digunaake kanggo ngrembug sawenehe prakara kang asipat kadonyan. Umpamane
ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang
tinarbuka iki uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan
kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora
kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti
tekan pojok-pojok payon joglo.
B. Pringgitan
Jan-jane
ruwangan iki isih kalebu papan umum/public. Ing jaman biyen ruwangan iki karep
digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane.
Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan
saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges.
Ruwangan iki dibangun kanthi maksud nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban
nguri- uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya
tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah
joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
C. Dalem Agung
Wujude
persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka
perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa.
Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat
luwih tinutup (privasi). Ruwangan iki nuduhake lamun urusan kulawarga iku
dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine
kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane
kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawarga. Umpane
ana prakara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kulawarga.
Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari prakara kang lagi disandhang.
D. Krobongan / Senthong
Ruwangan
iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane piguna utama ruwangan iki
saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka
wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah
uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur,
dhipan, bantal, lan guling. Ruwangan iki ateges nuduhake yen manungsa iku
tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan
E. Gandhok / Pawon utawa Pekiwan
Papane
ana ing mburi. Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon prsaja,
nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai
luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak-masak, dhahar, lan adus.
Nulad saka guna panggonane, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora
ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki nuduhake yen
manungsa iku duwe sipat geni, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah
njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).
Comments
Post a Comment